Maksude Sekar Sinom:
Ø Sekar macapat sinom yaiku salah sawijining sekar macapat kang balase manggoni urutan ke-3 ing macapat
Ø Sinom yaiku tegese kanoman, minangka kaladhangan sing paling wiyanti kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Watake Sekar Sinom:
Ø Sekar macapat sinom iku watake:
Ø Chantas
Ø Trengginas
Ø Lincah, lan
Ø Grapyak
Gambaran sekar Sinom :
Ø Tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan (Haryatmo dkk, 2003:14)
Ø Secara garis besar, sekar macapat sinom yaiku nggambarake menungsa kang kudu duweni sipat kang isih enom, kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya
Pathokane Sekar Sinom :
Ø Guru Gatra: cacahe gatra (baris) saben sak pada (bait).
Ø Guru Wilangan: cacahe wanda (suku kata) saben sak gatra (baris)
Ø Gur Lagu: tibane swara ing pungkasaning gatra (baris)
Ø Guru Gatra: 9
Ø Guru Wilangan: 8,8,8,8,7,8,7,8,12
Ø Guru Lagu: a,i,a,i,i,u,a,i,a
Ø 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a
Tegese Sekar Macapat Sinom
Sinom Laras Pelog Pathet Nem
|
Tegese
|
Nuladha Laku Utama
|
Nyoto Laku sing becik/tumindak sing becik
|
Tumprape wong tanah jawi
|
Kanggo masyarakat jawa
|
Wong agung ing ngeksiganda
|
Tiyang ageng saking ngeksiganda (mataram)
|
Panembahan senopati
|
Panembahan senopati
|
Kapati amarsudi
|
Tekun banget/ngudi kawruh/ilmu
|
Sudane hawa lan nepsu
|
Ngurangi hawa nafsu
|
Pinesu tapa brata
|
Nganggo dalan prihatin (bertapa)
|
Tanapi ing siyang ratri
|
Uga awan wengi
|
Hamemangun karyenak tyassing sasama
|
Gawea laku/karya sing gawe tentreme atine sesama (tresno marang wong liya)
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar