Pranatacara
Pranatacara inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun/jejibahane inggih menika:
Ø Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi
Ø Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag
Ø Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan apra paraga ingkang kajibahan/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi
Ø Acaranipun upacara adat: temanten, pepanggihan, kesripahan, pajamuan, resmi/formal, pengaosan, lsp.
Perangan Teks Pranatacara
1. Salam Pembuka
· Ngaturaken uluk salam minangka pambuka tuladhanipun assalamu’alaikum wr.wb, sugeng enjing, utawi nuwun kawula nuwun.
2. 2. Atur Pamuji
· Ngunjukaken atur raos puji syukur awit sedpnya nikkmat ingkang kaparingaken dening gusti pangeran ingkang Maha Agung dhateng para rawug saengga saged kempal ngrawuhi acara ..... ing .....
3. 3. SapaAruh/Atur Pangurmat
· Ngaturaken atur pakurmatan dhumateng para tamu, kawiwitan dhumateng para para ingkang kaanggep langkung dipun kurmati para sepuh, Bapak Kepala Sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp. Dhumateng para priyagung, dwija/guru, sarjana,alim/ulama, dhumateng para rawuh tamu undanga, para kanca-kanca, para siswa, lsp.
4. 4. Isi/ancasinggati
· Urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi, aran-aran para paraga jangkep/lengkap kaliyan gelaripun (Drs, S.Pd, M.Pd, H, lsp) ingkang badhe nindakaken tanggap wacana pambagyaharja, atur papala, utawi ingkang paring sabdatama, lsp.
5. 5. Panutup
· Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kelepatan nalika ing lantarake lampahing acara pangajab/harapan utawi ringkesan sasampunipun acara sampun kalampahan.
6. 6. Salam Panutup
· Salam panutup tuladhanipun Wassalamu’alaikum Wr.Wb, sugeng siang, sugeng pepanggihan ing sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun-nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar